Bapak-bapak, Ibu-ibu saha sadherek-sadherek kaum muslimin lan muslimat ingkang kula kurmati. Matur nuwun sanget dhumateng juru pranata wicara ingkang sampun maringi wekdal dhumateng kula, supados nyaosi sambutan ing malem pengetan mapag Warsa Enggal 1 Januari …………
Saderengipun mangga kita sami ngaturaken puja-puji pudyastuti dhumateng Gusti Allah SWT. Ingkang sampun paring taufik saha hidayah, katitik kula panjenengan sami saged makempal wonten ing panggenan mriki.
Kula minangka……………………ngaturaken sugeng warsa enggal 1 Januari 19……….
Wanci jam 00.00 mangke kita nilaraken tahun 19……….tumuju tahun…………
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kula kurmati. Kanthi gantosing tahun enggal ateges umur kula panjenengan sami tambah setunggal tahun. Samanten ugi gunggunging umur ingkang sampun dipun wewaleraken dening Gusti Allah SWT sampun kirang satunggal tahun.
Salebeting satunggal tahun, kula panjenengan sami sampun nindakaken sedayaning tumindak ingkang sampun mboten saged kita ewahi malih, sagedinipun namung metani : Pundi tumindak ingkang sae saha pundi tumindak ingkang awon. Kanthi metani sedaya tumindak punika kita saged nemtokaken, ingkang pundi tumindak ingkang wajib kula panjenengan tiru, saha ingkang pundi tumindak ingkang kedah kita tinggalaken.
Lelampahan-lelampahan wonten ing tahun kepengker saged kita pendhet hikmahipun, pundi tumindak ingkang pinuji kangge ningkataken lelabuhan saha tindak-tanduk wonten ing bebrayan.
Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kinurmatan, mbok bilih anggen kula nyepeng jabatan ing mriki kathah klenta-klentunipun, awit kula namung titah sawantah ingkang mboten kentun nyandang kalepatan kula namung saged nyuwun samodra pangak sami ingkang tanpa pepindahan.
Ing wusananing atur, mangga kita sami nyenyuwun dhumateng Pangeran ingkang Maha Agung, mugi-mugi ing tahun-tahun mbenjang kula panjenengan sami saged angsal taufik saha hidayah. Mugi-mugi kemawon ing tahun candakipun saged langkung sekeco tinimbang tahun ingkang kepengker
Akhirul kalam billahit taufiq wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr. Wb
Nuwun.
Categories:
Bahasa Jawa


